Sawijining sore sasine November akhir utawa awal Desember taun 1997, aku lungguh ing cedhak jendela kamar tamu apartemenku karo maca buku. Nalika aku nyawang njaba, ana putih-putih kaya glepung kabur kanginan. Takira kuwi serbuk sari wit-witan ing kompleks apartemenku. Nanging ora klebu nalar amarga apartemenku ana ing tingkat enem, luwih dhuwur katimbang wit-witane.
Dhek semana aku ora duwe radio utawa tv dadi ora ngerti piye prakiraan cuaca dina kuwi. Tur maneh aku nembe kira-kira telung sasi ing Amerika, aku durung biasa ngecek prakiraan cuaca. Isih ketenta kebiasaan ing Indonesia sing ora pati merlokke ngecek prakiraan cuaca. Pancene kanggo apa, lha wong hawane relatif padha sajroning setaun.
Sawise sautara putih-putih kuwi tambah akeh. Lagi dong aku yen kuwi salju. Wah, salju kepisan sing taalami. Cepet-cepet aku nganggo jaket lan mlayu metu. Salju sing anyep kuwi ngleleh ing raiku. Tapeletke ilatku...anyep lan tawa rasane. Bengine kabeh katon putih mblejih.
As a kid, I kept a diary full with my mundane day-to-day activities. Thanks goodness, those years have passed. On this blog I'd like to jot down my opinions, observations, memories, etc. which definitely are much more interesting than my childhood diary's entries.
Monday, December 21, 2009
Tuesday, December 15, 2009
Diskriminasi
Tekan saiki isih kerep tatemoni pengumuman-pengumuman lowongan kerja ing Indonesia sing kebak diskriminasi. Paling ora ana loro sing cetha banget.
1. Ana ing pengumuman kuwi biasane dicethakke batesan umur pelamar. Kerepe ora luwih saka 30 taun.
Iki cetha ora adhil kanggo para pencari kerja sing menuhi syarat-syarat liyane, nanging umure ketuwan. Apa dhasare netepke umur 25, 29, utawa 30? Sing paling penting tumrap ngayahi sawijining gawean yaiku pengalaman lan pendidikan. Miturutku, nalare saya tuwa pelamar saya akeh pengalamane, saya dhewasa, lan iki mesthine apik kanggo perusahaan.
2. Biasane karo surat lamaran pelamar uga kudu nglampirke pasfoto. Kenapa? Yen perusahaan wedi pelamar sing diundang wawancara dudu uwong sing ngirim lamaran, ana cara liya sing luwih adhil. Kayata, pelamar sajroning wawancara kudu nduduhake KTP utawa tanda pengenal liyane.
Dhisik ing Salatiga aku tau ngelesi basa Inggris ing sawijining perusahaan pemerintah. Sakwise pirang-pirang sasi ana lowongan kerja ing perusahaan kuwi. Direkture nyaranke supaya aku nglamar. Ngendikane aku memenuhi syarat-syarate. Rasaku seneng mangerteni yen gaweanku dibiji apik. Nanging aku ora nglamar amarga direktur kuwi mau terus ngendika apike aku nyang salon kanggo paesan trus nyang studio foto. Pikirku; 'What's wrong with my face? I don't need any make-up to look beautiful. If I don't get the job because of the way I look, then f--- them.' (nyuwun ngapunten. Kanggo aku wong Jawa, luwih gampang nesu lan misuh nganggo basa Inggris).
Wose, pelamar kudune dibiji saka pengalaman lan kepinterane, ora saka rupane. Ayu utawa bagus kuwi relatif. Trus, piye nasibe pelamar sing rupane ala, sing cacat fisik? Uwong dibiji saka pakartine, tindak tanduke, gaweane, dudu rupane utawa awake.
Eman banget praktek diskriminasi kaya ngono kuwi dipraktekake dening kantor pemerintah lan perusahaan swasta.

Wednesday, July 29, 2009
Larang Banyu
Ing kelas basa Jawa Selasa wingi, wacane bab larang banyu. Cendhake, kala mangsa ketiga akeh kali, wadhuk, sumber, lan sumur asat. Dadi wong-wong kudu tuku banyu, sing regane isa nganti atusan ewon. Merga angel banyu panenane ora kasil akeh, sing candhake rega-rega dadi mundhak. Akibat liyane, PLN ora isa ngasilke suplai listrik sing cukup. Pungkasane sing paling cilaka wong cilik, uripe tansaya angel.
Wacan kuwi ngelingke aku nalika mentas wae pindhah nyang Tingkir. Taune 1995 kluargaku pindah nyang omah anyar ing perangan Salatiga kidul, wewatesan karo Kabupaten Semarang. Senenge manggon ing omah anyar ora ilang amba'a durung ana ledheng lan ora duwe sumur. Kebeneran banget ing omah sebelah sing kosong ana sumure, lan sing kagungan maringi palilah kanggo ngangsu saka sumur kuwi. Emane, sumbere ora gedhe lan ana tangga liyane sing uga ngangsu saka kono. Dadine ya ngirit-irit banget olehe nganggo banyu. Ora mung kuwi, kadhang kala banyune buthek. Yen mangkono, ibuku kudu mundhut banyu saka ledheng umum. (Sakjane ora tuku, mung ngopahi sakwijining bapak sing ngangsokke. Aku ora kelingan pira regane sakblek.)
Cara liyane golek banyu, bapakku masang tong-tong ing sak ngisore pyan ing ngiringan omah. Yen udan, banyune mancur nyang tong kuwi. Trus, dasare bapakku (lepasa parane, jembara kubure!) health conscious, angger wis terang banjur nyebar abate ing permukaan banyu ing njero tong. Ben ora dadi sarang nyamuk, ngendikane. Banyu tong kuwi kanggo nyentor kamar mandi lan ados. Rasane kaya lunyu ing kulit yen diusap lan kudu bilasan ping pindo utawa telu kanggo mbilas sabune. Yen nganggo istilah basa Inggris diarani soft water.
Kahanan kaya ngono kuwi kira-kira suwene setaun. Ibuku wiwit pindhahan nggolek cara kanti temen supaya isa duwe ledheng. Ibu ngimpun tangga-tangga liyane sing pengen duwe ledheng. Sakwise entuk sepuluh KK, kelompok kuwi ngajukake permohonan nyang PDAM. Kanti urunan kanggo tuku pipa lan lobby, permohonane disetujui. Aku kelingan senenge duwe ledheng ing omah. Yen lumrah ngono, mesthi aku wis ados ping lima sedina.
Ngeling-eling jaman kuwi, aku kadhang isih ora percaya bisa urip kanti persediaan banyu sing ora akeh babar blas. Uga, tambah kagumku marang ibuku sing paling taktresnani.

Saturday, July 18, 2009
Setu Kuwi
Dina Setu, 11 Juli 2009 aku, Paul lan Orlando (kancane Paul kuliah dhisik) dolan nyang kutha Baraboo, kira-kira sakjam saka Madison, WI. Wiwitane mung pengen mubeng-mubeng wae, metu saka Madison. Nanging Orlando entuk ide lunga nyang Devil's Head.
Pemandangan sakdalan-dalan endah banget. Neng kiwa tengen ana kebon sing amba. Anda kebon dhele, kebon jagung, lan padhang sesuketan. Neng panggonan kuwi akeh sapi sing lagi ngrumput utawa mung leyeh-leyeh mamah sukete. Pancen Wisconsin kondhang minangka negara bagian sing ngasilke keju lumayan akeh. Neng sakmburine kebon lan padhang kuwi mau sedheretan gunung sing ijo royo-royo katon sulistya saka kadohan.
Sakwise kira-kira sakjam, kita tekan Devil's Head, sakwijining ski resort. Miturut Orlando sakjroning mangsa salju resort iki kerep ditekani wong-wong saka Illinois, klebu dheweke lan kluargane. Jarene gununge sing paling dhuwur neng tlatah mid-west. Setu kuwi merga lagi mangsa ketiga ya mesthi wae ora ana saljune babar blas. Dadi mung isa weruh gunung sing katutup suket. Kita mung ndeleng-ndeleng sakitere resort kuwi.
Banjur aku duwe ide nyang Devil's Lake. Miturut pegawai resort Devil's Head, rawa kuwi ora adoh, mung kira-kira telung mil. Ya wis kita mangkat mrana. Rawane endah tenan, dikiteri bukit watu sing curam. Banyune biru bening. Akeh wong sing dolanan neng banyu, dhedhe (pornoaksi tenan), mancing, mlaku-mlaku neng sakdawane gisike, lan akeh uga sing mung lungguh-lungguh. Kita mangan awan neng bangku piknik neng pinggir rawa karo omong-omong ngalor ngidul. Trus, mlaku neng rawa...wah banyune rada adhem. Wis suwe banget aku ora cekeran, dadi rasane pasir rada aneh neng sikilku.
Perjalanan kuwi nyenengke tenan. Apa maneh hawane ora panas lan angine sumidit.
Kita tekan Madison kira-kira jam 6. Aku diterke nyang omahe Arti kanggo ngewangi persiapan acara Malam Dangdut, bengi kuwi. Paul karo Orlando lunga mbuh nyang ngendi.
Kapan-kapan yen ada wektu aku pengen nyang Devil's Lake maneh.

Friday, June 12, 2009
SEASSI 2009
Dina Minggu kepungkur aku mangkat nyang Madison, Wisconsin kanggo mulang basa Jawa neng program Southeast Asian Studies Summer Institute (SEASSI). Mangsa ketiga iki wis kaping enem aku mulang neng SEASSI. Kelase pancena lagi wiwit suk tanggal 15 Juni. Nanging seminggu iki ana lokakarya kanggo guru-guru SEASSI lan kudu nyiapke wulangan.
Aku tekan Madison kira-kira jam 4 sore. Merga durung entuk pondokan, aku nginep neng omahe Arti, sakwijining guru basa Indonesia neng SEASSI.
Pertemuan Senen esuk mung setengah dina. Isine sambutan saka direktur basa lan ramah tamah. Sakwise kuwi aku nyang pondokan sing sakdurunge wis takhubungi lewat e-mail. Karo manajer apartemen, aku niliki apartemene, banjur teken kontrak. Sorene aku nyang toko tuku air mattress, lan keperluan liyane.
Pirang-pirang dina iki kegiatanku nyang kampus, mlaku-mlaku, nyang perpustakaan, maca-maca, trus kira-kira jam 9 bengi balik nyang apartemen. Neng apartemenku mung ana air mattress, kursi loro, sak koper klambi. Neng pawon mung ana roti sebungkus, teh segalon, karo banyu putih. Sing dadi pikiranku: sakjane aku isa urip kanti sederhana. Aku ora butuh mebel mewah tur akeh, tv, klambi & sepatu sing cacahe rak-rakan. Lan yen bengi wancine turu rasaku puas & produktif.
Muga-muga pikiran kaya ngene iki bisa takteruske mengko neng DC.

Sunday, May 24, 2009
Pemisahan Agama & Negara
Menurut saya, agama adalah hubungan pribadi seseorang dengan penciptanya. Oleh karena itu, tidak ada seorang pun, termasuk negara, yang berhak untuk mengatur hubungan tersebut. Selain alasan mendasar ini, campur tangan negara dalam bidang agama menimbulkan berbagai diskriminasi.
1. Pada pembukaan UUD 1945, dicantumkan bahwa asas pertama negara RI adalah
Ketuhanan Yang Maha Esa.
- Bagaimana dengan agama tradisional atau agama lain yang tidak berketuhanan yang
maha esa? Banyak agama tradisional yang percaya pada roh-roh. Struktur
kepercayaan/agama mereka tidak sama dengan struktur agama dunia yang dikenal
banyak orang.
- Bagaimana dengan orang yang tidak percaya akan adanya Tuhan? Apakah karena
seseorang atheis dia tidak bisa menjadi warga negara Indonesia? Perlu dicatat bahwa
atheis tidak sama dengan jahat, atau komunis, atau pengikut setan, atau sebutan/pikiran
negatif lain tentang atheis. Mereka hanya tidak percaya akan adanya Tuhan. Ini hak
mendasar mereka.
2. UUD 1945 hanya mengakui enam agama di Indonesia, yaitu Islam, Kristen Protestan,
Kristen Katholik, Budha, Hindu, dan Kong Hu Chu.
- Bagaimana dengan agama-agama lain? Tidak mungkin berjuta-juta penduduk Indonesia
berkeyakinan salah satu dari enam agama tersebut. Jelas hal ini membatasi
pengungkapan hubungan seseorang dengan penciptanya. Bagaimana kalau keenam
agama itu tidak mewakili keyakinannya?
Sangatlah tidak adil bagi WNI yang berkepercayaan tradisional, atheis, atau memeluk agama selain keenam agama tersebut di atas, sedangkan merupakan kewajiban negara untuk memperlakukan setiap WNI dengan adil. Semoga Indonesia segera sadar dan bergerak menuju pemisahan agama & negara.

Monday, April 27, 2009
Nikeltikel
Saka Jumat, 24 April nganti Minggu, 26 April 2009 aku melu konferensi National Council of Less Commonly Taught Languages (NCOLCTL, utawa diwaca: nikeltikel) neng Madison, Wisconsin.
Aku melu 2 colloquium lan 3 panel dina Jumat. Colloquium esuk bab assessment lan testing, judule "When What You Have Is Not Enough: Validating Reading and Listening Proficiency Tests in Less-Commonly-Tested Languages" dene Ray T. Clifford, PhD saka Brigham Young University. Awane aku melu colloquium bab classroom observation. Pembicarane Sandra Berman, PhD, Kathryn A. Flynn, PhD, lan Nami K. Thompson, saka Defence Language Institute. Piyayi telu kuwi mau nerangke proyek sing dianake DLI kanggo ngobservasi kelas-kelas basa asing neng kana. Judul presentasine, "Toward a New Paradigm in Classroom Observations of Foreign Language Program."
Panel 1 judule, "Language Learning with Web 2.0 - Lingking Faculty and Students," dene Jacques du Plessis saka Univ. of Wisconsin - Milwaukee. Panel 2 judule, "A New Lexicographic Paradigm for LCTLs," dene Danko Sipka. Panel 3 judule, "Making Beginning Reading Materials in a LCTL Available Online at No Cost to the Learner," dene Fredercik H. Jackson (Univ. of Maryland), Michael Everson (Univ. of Iowa), lan Cynthia Ning (Univ. of Hawaii at Manoa).
Dina Setune saka esuk tekan awan aku melu rapat tahunane COTIM (Consortium for the Teaching of Indonesian and Malay). Neng rapat dibahas program basa Indonesia musim panas neng Salatiga, kriteria profisiensi sing lagi dikembangke, lan bab-bab liya.
Sorene aku melu lokakarya sing dipimpin Carl Falsgraf, PhD uga bab assessment.
Minggu esuk aku ngrungokke presentasi sing judule, "Language e-Learning Tools for Learners of Less Commonnly Taught Languages," dene Rick Jackson, PhD lan Catherine Ingold, PhD.
Topik-topik presentasi kasebut kajaba ngelengake topik padha sing wis tau tak sinaoni, uga nambah pengetahuanku bab pengajaran basa. Lan sing ora kalah penting ana ing konferensi kuwi aku ketemu kanca-kanca guru basa Indonesia saka universitas liya. Aku uga ketemu Leonce, kancaku sak kantor neng Universitas Ohio. Dhisik dheweke mulang basa Swahili. Wis meh 10 taun ora ketemu. Saiki Leonce mulang basa Swahili neng Kanada.
Ana acara menarik dina Setu bengi. Pas kuwi ada acara makan malam bersama kanggo kabeh peserta konferensi. Sakwise mangan, presiden nikeltikel ngumumke pemenang achievement award. Sakbubare kuwi dheweke nyuwun bilih peserta ngaturi ucapan selamat kanggo Mike Everson. Mbok menawa ana 50 basa luwih, saka Asia, Afrika, lan Eropa. Aku ngaturi selamat nganggo basa Jawa.
Sakbubare acara makan malam, aku nonton pagelaran gamelan lan tari Jawa neng kampus. Sing tampil kelas gamelas Universitas Wisconsin - Madison. Aku seneng isa ketemu Steve, Sakti lan kanca-kanca liyane.
Aku tekan ngomah maneh dina Minggu bengi. Senene aku masuk angin, mbok menawa amarga kekeselen.
Taun ngarep muga-muga aku isa melu konferensi nikeltikel maneh.

Friday, April 24, 2009
Minggu kepungkur aku nampa e-mail saka Santi. Dheweke takon menawa aku duwe account facebook. Dheweke uga crita yen dheweke sesambungan maneh karo kanca-kanca SMA kanthi facebook.
Wis sakwentawis kanca-kancaku ngejak aku melu jaringan Facebook. Aku saktenane wegah melu amarga tak pikir ngentekke wektu wae. Pancene aku wedi kecanduan. Nanging sakwise nampa e-maile Santi, aku kepengen banget duwe account facebook. Kuwi mau mbok menawa amarga aku urip neng paran, ora asring ketemu kanca-kanca lan kangen kauripan neng Indonesia. Uga, aku pengen sesrawungan maneh karo kanca-kanca, utamane kanca siji iki (jenenge ora arep tak tulis neng kene), sing wis suwe ilang utawa ngilang.
Bab kekuatiranku, aku meh disiplin wektu supaya ora kecanduan. Ngentekke wektu? Saktenane ora amarga aku isa ngerteni kawruh anyar, lan bungah weruh fotone kanca-kancaku lan kluargane.
Pancen kudu diakui yen Facebook kuwi sarana sing migunani.

Sunday, February 15, 2009
Pelantikan Presiden Obama
Selasa, 20 Januari 2009 dina sing bersejarah kanggo wong Amerika lan mbok menawa wong sak ndoya. Barrack Husein Obama dilantik dadi presiden Amerika Serikat sing ke-44. Dheweke presiden kulit hitam pertama ing AS.
Dina kuwi akeh sekolahan, kampus, lan kantor ing Washington, DC prei. Kampusku uga prei. Kebijakan iku perlu kanggo menehi wektu kanggo uwong-uwong sing arep nyekseni peristiwa bersejarah kuwi mau.
Pancen tenan, kira-kira rong juta uwong ngebaki lapangan National Mall, saka ngarep gedung Capitol Hill, panggonan pelantikan, nganti Monumen Washington. Uwong-uwong kuwi mau teka saka sak kabehe negara bagian AS lan negara-negara liya uga. Ora peduli hawa sing adhem (kira-kira 15 derajat Farenheit), kabeh padha bungah lan trenyuh.
Sawise pelantikan, presiden, anggota senat, lan para panggedhe liyane dhahar awan. Pas acara kuwi Senator Kennedy anfal gerahe, dadi kudu digawa nyang rumah sakit. Sorene Presiden Obama sak kluarga mirsani pawai neng Pennsylvania Avenue, neng ngarepe Gedung Putih. Ana kira-kira 13.000 uwong sing melu pawai. Bengine pasangan nomor 1 AS kuwi ngrawuhi 10 acara pesta dansa.
Aku nonton acara kuwi kabeh neng tv saka jam 8 esuk nganti jam 8 bengi. Ora kademen lan isa karo ngombe susu coklat. Bungahku padha karo bungahe uwong-uwong sing neng National Mall.
Selamat Presiden Obama! Mugi-mugi panjenengan diparingi kekuatan lan kebijaksanaan dening Allah Bapa kagem mimpin AS dumugi negari ingkang gemah ripah loh jinawi karta raharjo. Amin.

Subscribe to:
Comments (Atom)