Sawijining sore sasine November akhir utawa awal Desember taun 1997, aku lungguh ing cedhak jendela kamar tamu apartemenku karo maca buku. Nalika aku nyawang njaba, ana putih-putih kaya glepung kabur kanginan. Takira kuwi serbuk sari wit-witan ing kompleks apartemenku. Nanging ora klebu nalar amarga apartemenku ana ing tingkat enem, luwih dhuwur katimbang wit-witane.
Dhek semana aku ora duwe radio utawa tv dadi ora ngerti piye prakiraan cuaca dina kuwi. Tur maneh aku nembe kira-kira telung sasi ing Amerika, aku durung biasa ngecek prakiraan cuaca. Isih ketenta kebiasaan ing Indonesia sing ora pati merlokke ngecek prakiraan cuaca. Pancene kanggo apa, lha wong hawane relatif padha sajroning setaun.
Sawise sautara putih-putih kuwi tambah akeh. Lagi dong aku yen kuwi salju. Wah, salju kepisan sing taalami. Cepet-cepet aku nganggo jaket lan mlayu metu. Salju sing anyep kuwi ngleleh ing raiku. Tapeletke ilatku...anyep lan tawa rasane. Bengine kabeh katon putih mblejih.
No comments:
Post a Comment