Wednesday, July 29, 2009

Larang Banyu

Ing kelas basa Jawa Selasa wingi, wacane bab larang banyu. Cendhake, kala mangsa ketiga akeh kali, wadhuk, sumber, lan sumur asat. Dadi wong-wong kudu tuku banyu, sing regane isa nganti atusan ewon. Merga angel banyu panenane ora kasil akeh, sing candhake rega-rega dadi mundhak. Akibat liyane, PLN ora isa ngasilke suplai listrik sing cukup. Pungkasane sing paling cilaka wong cilik, uripe tansaya angel.



Wacan kuwi ngelingke aku nalika mentas wae pindhah nyang Tingkir. Taune 1995 kluargaku pindah nyang omah anyar ing perangan Salatiga kidul, wewatesan karo Kabupaten Semarang. Senenge manggon ing omah anyar ora ilang amba'a durung ana ledheng lan ora duwe sumur. Kebeneran banget ing omah sebelah sing kosong ana sumure, lan sing kagungan maringi palilah kanggo ngangsu saka sumur kuwi. Emane, sumbere ora gedhe lan ana tangga liyane sing uga ngangsu saka kono. Dadine ya ngirit-irit banget olehe nganggo banyu. Ora mung kuwi, kadhang kala banyune buthek. Yen mangkono, ibuku kudu mundhut banyu saka ledheng umum. (Sakjane ora tuku, mung ngopahi sakwijining bapak sing ngangsokke. Aku ora kelingan pira regane sakblek.)



Cara liyane golek banyu, bapakku masang tong-tong ing sak ngisore pyan ing ngiringan omah. Yen udan, banyune mancur nyang tong kuwi. Trus, dasare bapakku (lepasa parane, jembara kubure!) health conscious, angger wis terang banjur nyebar abate ing permukaan banyu ing njero tong. Ben ora dadi sarang nyamuk, ngendikane. Banyu tong kuwi kanggo nyentor kamar mandi lan ados. Rasane kaya lunyu ing kulit yen diusap lan kudu bilasan ping pindo utawa telu kanggo mbilas sabune. Yen nganggo istilah basa Inggris diarani soft water.



Kahanan kaya ngono kuwi kira-kira suwene setaun. Ibuku wiwit pindhahan nggolek cara kanti temen supaya isa duwe ledheng. Ibu ngimpun tangga-tangga liyane sing pengen duwe ledheng. Sakwise entuk sepuluh KK, kelompok kuwi ngajukake permohonan nyang PDAM. Kanti urunan kanggo tuku pipa lan lobby, permohonane disetujui. Aku kelingan senenge duwe ledheng ing omah. Yen lumrah ngono, mesthi aku wis ados ping lima sedina.



Ngeling-eling jaman kuwi, aku kadhang isih ora percaya bisa urip kanti persediaan banyu sing ora akeh babar blas. Uga, tambah kagumku marang ibuku sing paling taktresnani.

No comments: