Minggu kepungkur aku nampa e-mail saka Santi. Dheweke takon menawa aku duwe account facebook. Dheweke uga crita yen dheweke sesambungan maneh karo kanca-kanca SMA kanthi facebook.
Wis sakwentawis kanca-kancaku ngejak aku melu jaringan Facebook. Aku saktenane wegah melu amarga tak pikir ngentekke wektu wae. Pancene aku wedi kecanduan. Nanging sakwise nampa e-maile Santi, aku kepengen banget duwe account facebook. Kuwi mau mbok menawa amarga aku urip neng paran, ora asring ketemu kanca-kanca lan kangen kauripan neng Indonesia. Uga, aku pengen sesrawungan maneh karo kanca-kanca, utamane kanca siji iki (jenenge ora arep tak tulis neng kene), sing wis suwe ilang utawa ngilang.
Bab kekuatiranku, aku meh disiplin wektu supaya ora kecanduan. Ngentekke wektu? Saktenane ora amarga aku isa ngerteni kawruh anyar, lan bungah weruh fotone kanca-kancaku lan kluargane.
Pancen kudu diakui yen Facebook kuwi sarana sing migunani.
No comments:
Post a Comment