Sunday, April 3, 2011

Dina Kelairanku

Wingi dina Minggu, 3 April, aku mengeti dina kelairanku. Genep umurku 41. Wis ora bisa kepetung enom, nanging durung bisa kasebut tuwa uga. Ora ana acara khusus. Pancen kuwi karepku. Iki kaya dina-dina liyane. Pengetan wiwit kira-kira jam 00.05. Aku mbukak kado saka mertuaku lan Jozy. Saka Jozy kertu cilik lan daisy growing kit. Saka mertuaku kertu, dhuwit, lan tas tangan. Bungah tenan aku nampa kado-kado kuwi mau. Jam 2 esuk aku telpon ibu ing Tingkir. Ibu karo aku omong-omong ngalor-ngidul nganti kurang luwih sak jam. Minggu aku tangi rada awan jam sewelasan. Sawise ados lan mlaku-mlaku karo Pilot, aku nggawe pancake. Kanggo sarapan pancake karo kopi susu. Awane aku karo Paul nyang warung kopi, ngopi nganti kira-kira jam 5. Bubar kuwi aku nyang nggreja. Bali saka nggreja isih padhang, aku duwe idhe foto-foto ing njaba. (Nalika mulih saka nggreja aku weruh kembang uwit dogwood ing ngarep kompleks kondoku wis ngembang. Putih, endah tenan.) Paul moto aku & Pilot. Wah, angel tenan nggolek pose sing pas. Pilot ora manut, malah kesenengen ndeleng montor-montor sing lewat karo ngendus-ngendus. Sawise foto-foto aku masak bakmi goreng. Iki tradisi wong Tionghoa mangan bakmi goreng pas dina kelairane. Bakmi nyimbolake karep supaya bisaa dawa umure. Paul moto aku karo sepiring bakmi goreng + lilin siji ing meja pawon. Kanggone Paul iki lucu banget: perpaduan budaya wetan lan kulon. Bengine kaya biasa aku nonton TV, ngecek Facebook, lan ngrungokke tembang-tembang saka Youtube. Bengi iki aku uga kudu ngrampungke bahan wacan kanggo Proyek Membaca Universitas Wisconsin - Madison. Mbuh mengko tekan jam pira. Pancen acara kanggo mengeti dina kelairanku sederhana, nanging ya kuwi sing tak karepke lan sing marahi bungah atiku.

No comments: