Friday, October 1, 2010

Crita saka Manca: Public Shows of Affection

Pertanyaan lain yang ditanyakan keponakan penulis adalah tentang sopan santun berciuman di tempat umum atau public shows of affection secara umum.

Pada akhir tahun 1997, beberapa minggu pertama penulis tinggal di Amerika, pada suatu sore penulis berjalan keluar dari perpustakaan menuju salah satu restoran di dekat kampus. Di taman di depan perpustakaan di dekat sebuah pohon rindang penulis melihat dua sejoli yang sedang berciuman (mulut dengan mulut). Waduh seperti di filem saja nih! Karena belum pernah menyaksikan orang ciuman dengan mata kepala sendiri, penulis sambil jalan pelan-pelan tidak bisa memalingkan muka dari kedua kekasih itu. Tapi, penulis dengan malu terpaksa harus berhenti memandang mereka. Mengapa? Beberapa orang lain yang berjalan di situ melihat penulis dengan pandangan heran. Sepertinya mereka berkata, ‘Kenapa lu liat-liat? Biarin aja mereka ciuman.’

Mencium dan berciuman di tempat umum merupakan hal yang biasa di Amerika. Sejauh mereka tidak mengganggu ketentraman umum, sah-sah saja mengungkapkan rasa cinta dan menyalurkan sedikit nafsu seksual di jalan, taman, bis, bar, dll. Rasanya orang-orang di sini sudah tahu sampai di mana batas kesopanannya. Mereka memberi privacy kepada pasangan yang sedang berkasih-kasihan. Kalau ada orang yang menonton, seperti penulis dulu, dia malah dianggap tidak sopan.

Di sebagian besar kota di Amerika konsensus public shows of affection ini juga berlaku bagi kaum homoseksual. Kadang-kadang di jalan, penulis melihat pasangan gay atau lesbian bergandengan tangan, di taman sambil duduk-duduk berciuman.

Bagaimana kalau seseorang terganggu dengan adegan ciuman itu?

Ada tiga hal yang bisa dia lakukan:

Pertama, mendatangi sepasang kekasih itu, mengatakan bahwa dia terganggu dan minta mereka berhenti atau berciuman di tempat lain. Sudah dapat dipastikan bahwa jawabannya adalah “eh…bukan urusanmu ya…” (it is none of your business), atau “urus urusan lu sendiri sono” (mind your own business).

Kedua, kalau tidak mau konfrontasi dengan sejoli, bisa menelpon polisi dan melaporkan ‘gangguan’ yang dialami. Perlu diketahui, di sini setiap orang bisa dan boleh menelpon polisi untuk keperluan apa saja. Dan perlu diketahui juga bahwa polisi tidak akan memperhatikan hal-hal yang sepele. Dan melaporkan gangguan karena ada orang berciuman adalah hal yang amat sangat sepele sekali. Jadi, sudahlah. Jangan mengganggu polisi.

Ketiga, dan ini yang paling mudah, mujarab dan bijaksana, menyingkir…. Gampang, bukan?

Pada awal tahun 1998, beberapa hari pertama penulis berpacaran dengan orang Amerika, di belakang perpustakaan dia mencium penulis. Dengan malu-malu, penulis pun mencium dia.

Crita Saka Manca: Mertamu

Ponakanku ing Jawa takon piye adhate wong Amerika yen mertamu.

Adhate, sawetara dina sadurunge mertamu, sing meh mertamu karo sing ditamoni janjian dhisik. Yen ora sempat janjian, sing arep mertamu nelpon dhisik takon menawa sing ditamoni longgar lan dheweke entuk teka. Sawise sepakat jame, sing mertamu bisa teka. Sing arep ditamoni bisa wae omong yen lagi ora longgar.

Yen tamune wis dilungguhke, tuan rumah nawani wedang lan/utawa panganan. Dheweke bisa ngarani apa sing arep disuguhke, kayata es teh utawa jus jeruk, biskuit utawa criping. Tamune bisa nampa utawa nolak. Luwih apik nolak yen pancen ora gelem ngombe utawa mangan. Dianggep ora sopan yen tamune ora nolak pas ditawani nanging banjur ora ngombe utawa mangan suguhane.

Kadhang kala tamune pengen dolan rada suwe. Tuan rumah bisa kanti alus ngongkon tamune mulih. Mesthine dheweke kudu menehi alesan. Blaka wae. Iki luwih apik lan tamune temtu bisa nampa.

Ing Amerika, biasane tamu ditampa ing dhapur yen ing dhapur ana meja kursine. Yen ora, padha jagongan ing ruang makan. Menawa hawane ora pati adhem, tamu lan tuan rumah lungguh-lungguh ing teras utawa balkon. Kanti mangkono, suasanane dadi akrab. Mung tamu sing ora pati akrab lan sing duwe urusan resmi, umpamane saka sawijining kantor pemerintah, ditemoni ing ruang tamu.

Uga adhate ing Amerika, nalika sepisanan mertamu ing sawijining omah, tamune bisa njaluk house tour. Sing duwe omah uga bisa nawani yen tamune gelem dijak house tour. Ngelem mebel, lukisan, vas kembang, utawa apa wae ing omah kuwi utawa penganggone tuan rumah kayata klambi, sepatu, modhel rambut, lsp. gawe bungah tuan rumah lan bisa dadi bahan omong-omong sing gayeng. (Adhat ngelem penganggone liyan ora mung pas mertamu, bisa sawanci-wanci.)

Oh..aja lali matur panuwun sawise tuan rumah menehi house tour, manggakke lungguh, nyuguhke wedang lan panganan. Lan temtu wae nalika pamit.

Piye? Saiki wis siap mertamu ing omahe wong Amerika?

Aku pamit dhisik, ya.

Friday, July 9, 2010

Ngepit Mulih

Saka nonton kembang api peringatan dina kamardikan Amerika Serikat 3 Juli 2010, aku bali numpak pit diterke Ag & Hy. Sajane Ag & Hy arep ngeterke aku numpak mobile, nanging dalane macet amarga akeh banget kendaraan lan uwong bubaran nonton kembang api. Kebeneran Art nitipke pite neng Hy lan diparkir ing sanjabane perpustakaan.

Dadi wong telu renteng-renteng. Aku numpak pite Ag merga sedhele luwih endhek ketimbang pite Art. Banjur Ag numpak pite Art merga dheweke luwih dhuwur saka aku. Hy numpak pit sewane.

Wis suwe banget aku ora pit-pitan. Ana yen rong taunan. Sing pungkasan numpak pite ibu mertuaku ing New Bern, NC. Dadi wengi kuwi kira-kira jam 22.30 aku rada wedi. Tur maneh aku pancen ora trampil numpak pit. Berkah Dalem aku tekan omah kanti slamet. Sawise Ag lan Hy mulih aku kelingan nalika aku ajar numpak pit sepisanan.

Aku isih kelingan banget. Nalika kuwi aku kelas papat SD, manggon ing samana Jl. Caranggito, dukuh Jangkungan, sangarepe SMA Kristen. Bubar sekolah utawa dina Minggu aku kerep dolan ing omahe Eni ana ing Jl. Merpati, Klaseman samburine SMA Kristen. Aku njileh pite Eni. Modele kaya gambar ing sisih kiwa iki, wernane yen ora kleru biru nom. Caraku ajar: pite taktuntun munggah unggah-unggahan tekan ngarepe omahe Sabur (pretelon Jl. Merpati & Jl. ..., wah lali jenenge), trus aku lungguh, sikilku tak selehke ing palang ngarep sedhel, ora ing genjotane. Banjur aku mluncur mudhun. Pikirku, aku mung ajar nyetir. Sepisanan aku ora isa ngerem, dadi sok-sok nabrak dhadhah ing ngarep omahe Eni. Yen isa nyetir lurus, ya tekan kuburan salore omahe Eni.
Sawise isa nyetir, aku wiwit ajar nggenjot. Alon-alon, saka ngarep omahe Sabur, ngluncur, tak rem, bareng lakune pit wis alon aku wiwit nggenjot....ora suwe aku isa numpak pit. Nanging ya kuwi, mung yen dalane lurus tur relatif rata.
Maturnuwun Eni wis njilehi aku pitmu.


Saturday, July 3, 2010

Kembang Api & Dhung

Dinane Setu, tanggale 3 Juli 2010, kira-kira jam 21.45 - 11.15 aku lungguh ing sanjabaning gedung Memorial Union, Universitas Wisconsin, ing salah sijining dermaga rawa Mendota, Madison, nonton kembang api sing disumet ing Warner Park, sasabrange rawa. Acara iki pendhak taun dianakke ing saben kutha kanggo mengeti dina kamardikane Amerika Serikat. Akeh banget sing nonton ing kono, mbuh pirang ewu. Pancene iki dadi acara kluarga lan kesempatan kanggo kumpul-kumpul karo kanca-kanca.

Karo ngagumi endahing kembang api marupa-rupa warna lan bentuk kairingan tembang klasik, kepikiran yen sajroning ing Indonesia aku durung nate nonton kembang api sing gedhe kaya ngene. Ing Salatiga ora tau ana. Ing Jakarta ana, nanging wektu kuwi ora mungkin yen nyang Jakarta mligi kanggo nonton kembang api. Dadi jroning bakda bocah-bocah nyumet mercon lan kembang api cilik, yen ing kene arane sparklers.

Banjur aku kelingan 'dhung.' Nalika aku cilik lan isih manggon ing Pungkursari, saben sore jroning sasi Ramadhan bocah-bocah, klebu aku, ngarep-ngarep 'dhung.' Apa ta 'dhung' kuwi? 'Dhung' kuwi suwarane sejenis mercon gedhe sing disumet kanggo nandani buka. Kira-kira jam 17.15 aku, mbakyu-mbakyuku, adhiku, lan tanggaku metu, munggah tumpukan watu lan bata kagungane pak Subadi (bocah-bocah nyeluk: mbah Badi) ngadhep nyang mesjid gedhe Kauman. Ora suwe candhake katon ing langit kuning-kuning kaya bal geni. Bal kuwi mau terus mbledhos 'dhung' banjur malih dadi bal ireng. Asep ireng metu saka bal ireng mau. Yen bal lan asepe wis ilang, boach-bocah mudhun lan bali nyang omahe dhewe-dhewe. Amba'a aku ora pasa, aku tansah nunggu tekane 'dhung.'

Pancen kembang api 4 Juli ora padha karo 'dhung.' Nanging, kanggo aku loro-lorone tontonan sing tak arep-arep. Loro-lorone marakake aku seneng. Ora mung merga tontonane, uga merga nontone barengan karo kanca-kanca lan kluarga. Mbok menawa rasa bungah lan kebersamaan kuwi mau sing marai aku seneng nonton kembang api saiki lan ndisik 'dhung'

Thursday, May 27, 2010

Bocah Guwa

Bojoku ngarani aku bocah guwa. Ana sawetara sebabe.

1. Rikala taun 1995 kluargaku pindah nyang omah anyar ing dusun Ngepos, Tingkir. Wektu kuwi ing omah durung dipasangi listrik. Saben bengi bapak nyumet lampu Petromax, sing diselehke ing meja kamar tamu. Ing kamar tidur dipasang teplok. Amarga kuwi, aku ngrampungke tugas-tugas kampus sore sadurunge srengengene angslup utawa isuk-isuk sadurunge mangkat nyang kampus. Ora nonton tv jebule ora pa-pa. Sawetara sasi candhake, nalika ibu lan bapak wis kagungan dhuwit, petugas PLN teka masang listrik.

2. Ledhenge uga durung ana. Jarene PDAM ora ana pipa nyang daerahku. Ibuku nglumpukke 10 KK sing pengen duwe ledheng. 10 KK kuwi mau terus urunan tuku pipa. Kira-kira taun 1996 ledhenge mili nyang omahku. Lega rasane. Ora perlu ngangsu lan tuku banyu maneh.

3. Sambungan telpon uga durung ana. Miturut Telkom, padha karo PDAM, durung ana sambungan nyang daerahku. Meneh ibuku nglumpukke 10 KK kanggo urunan tuku tiang telpon. Akhir taun 1997, omahku duwe sambungan telpon. Nalika kuwi aku wis mangkat nyang AS. Dadi, aku isa telpon ngomah.

Yen dipikir-pikir pancen aku isa diarani bocah guwa. Ya ben, ora apa-apa. Aku bangga banget marang ibuku.

Impenku Mau Bengi

Ing impenku mau bengi, kowe ora gelem omongan karo aku. Pancen aku sing luput, nanging mbok rungokna sedhelok wae apa sing ana ing atiku.
Kowe neruske lakumu, ngongkon aku nyingkir, ora peduli aku mlayu ngoyak kowe. Sedhih rasaku, sesek rasane dhadhaku.

Bareng tangi, dhadhaku isih sesek, rasa sedhihku durung ilang. Karo nyawang pyan kamarku, aku ngeling-ngeling sliramu, taun-taun rikala awake dhewe sakelas ing SMA.
Aku kangen kowe. Mengko arep tak sawangi fotomu ing Facebook. Saiki aku kudu siap-siap glidig. Muga-muga kowe lan anak bojomu tansah pinaringan berkah Dalem.

"Everyone knows how delightful the dreams are that one dreams one's self, and how insipid the dreams of others are."--W. D. Howells, IMPRESSIONS AND EXPERIENCES, 1896.