Bojoku ngarani aku bocah guwa. Ana sawetara sebabe.
1. Rikala taun 1995 kluargaku pindah nyang omah anyar ing dusun Ngepos, Tingkir. Wektu kuwi ing omah durung dipasangi listrik. Saben bengi bapak nyumet lampu Petromax, sing diselehke ing meja kamar tamu. Ing kamar tidur dipasang teplok. Amarga kuwi, aku ngrampungke tugas-tugas kampus sore sadurunge srengengene angslup utawa isuk-isuk sadurunge mangkat nyang kampus. Ora nonton tv jebule ora pa-pa. Sawetara sasi candhake, nalika ibu lan bapak wis kagungan dhuwit, petugas PLN teka masang listrik.
2. Ledhenge uga durung ana. Jarene PDAM ora ana pipa nyang daerahku. Ibuku nglumpukke 10 KK sing pengen duwe ledheng. 10 KK kuwi mau terus urunan tuku pipa. Kira-kira taun 1996 ledhenge mili nyang omahku. Lega rasane. Ora perlu ngangsu lan tuku banyu maneh.
3. Sambungan telpon uga durung ana. Miturut Telkom, padha karo PDAM, durung ana sambungan nyang daerahku. Meneh ibuku nglumpukke 10 KK kanggo urunan tuku tiang telpon. Akhir taun 1997, omahku duwe sambungan telpon. Nalika kuwi aku wis mangkat nyang AS. Dadi, aku isa telpon ngomah.
Yen dipikir-pikir pancen aku isa diarani bocah guwa. Ya ben, ora apa-apa. Aku bangga banget marang ibuku.
No comments:
Post a Comment