Saka nonton kembang api peringatan dina kamardikan Amerika Serikat 3 Juli 2010, aku bali numpak pit diterke Ag & Hy. Sajane Ag & Hy arep ngeterke aku numpak mobile, nanging dalane macet amarga akeh banget kendaraan lan uwong bubaran nonton kembang api. Kebeneran Art nitipke pite neng Hy lan diparkir ing sanjabane perpustakaan.
Dadi wong telu renteng-renteng. Aku numpak pite Ag merga sedhele luwih endhek ketimbang pite Art. Banjur Ag numpak pite Art merga dheweke luwih dhuwur saka aku. Hy numpak pit sewane.
Wis suwe banget aku ora pit-pitan. Ana yen rong taunan. Sing pungkasan numpak pite ibu mertuaku ing New Bern, NC. Dadi wengi kuwi kira-kira jam 22.30 aku rada wedi. Tur maneh aku pancen ora trampil numpak pit. Berkah Dalem aku tekan omah kanti slamet. Sawise Ag lan Hy mulih aku kelingan nalika aku ajar numpak pit sepisanan.
Aku isih kelingan banget. Nalika kuwi aku kelas papat SD, manggon ing samana Jl. Caranggito, dukuh Jangkungan, sangarepe SMA Kristen. Bubar sekolah utawa dina Minggu aku kerep dolan ing omahe Eni ana ing Jl. Merpati, Klaseman samburine SMA Kristen. Aku njileh pite Eni. Modele kaya gambar ing sisih kiwa iki, wernane yen ora kleru biru nom. Caraku ajar: pite taktuntun munggah unggah-unggahan tekan ngarepe omahe Sabur (pretelon Jl. Merpati & Jl. ..., wah lali jenenge), trus aku lungguh, sikilku tak selehke ing palang ngarep sedhel, ora ing genjotane. Banjur aku mluncur mudhun. Pikirku, aku mung ajar nyetir. Sepisanan aku ora isa ngerem, dadi sok-sok nabrak dhadhah ing ngarep omahe Eni. Yen isa nyetir lurus, ya tekan kuburan salore omahe Eni.
Dadi wong telu renteng-renteng. Aku numpak pite Ag merga sedhele luwih endhek ketimbang pite Art. Banjur Ag numpak pite Art merga dheweke luwih dhuwur saka aku. Hy numpak pit sewane.
Wis suwe banget aku ora pit-pitan. Ana yen rong taunan. Sing pungkasan numpak pite ibu mertuaku ing New Bern, NC. Dadi wengi kuwi kira-kira jam 22.30 aku rada wedi. Tur maneh aku pancen ora trampil numpak pit. Berkah Dalem aku tekan omah kanti slamet. Sawise Ag lan Hy mulih aku kelingan nalika aku ajar numpak pit sepisanan.
Aku isih kelingan banget. Nalika kuwi aku kelas papat SD, manggon ing samana Jl. Caranggito, dukuh Jangkungan, sangarepe SMA Kristen. Bubar sekolah utawa dina Minggu aku kerep dolan ing omahe Eni ana ing Jl. Merpati, Klaseman samburine SMA Kristen. Aku njileh pite Eni. Modele kaya gambar ing sisih kiwa iki, wernane yen ora kleru biru nom. Caraku ajar: pite taktuntun munggah unggah-unggahan tekan ngarepe omahe Sabur (pretelon Jl. Merpati & Jl. ..., wah lali jenenge), trus aku lungguh, sikilku tak selehke ing palang ngarep sedhel, ora ing genjotane. Banjur aku mluncur mudhun. Pikirku, aku mung ajar nyetir. Sepisanan aku ora isa ngerem, dadi sok-sok nabrak dhadhah ing ngarep omahe Eni. Yen isa nyetir lurus, ya tekan kuburan salore omahe Eni. Sawise isa nyetir, aku wiwit ajar nggenjot. Alon-alon, saka ngarep omahe Sabur, ngluncur, tak rem, bareng lakune pit wis alon aku wiwit nggenjot....ora suwe aku isa numpak pit. Nanging ya kuwi, mung yen dalane lurus tur relatif rata.
Maturnuwun Eni wis njilehi aku pitmu.
No comments:
Post a Comment