Sapa ta Pilot kuwi? Pilot asuku. Dheweke dakadopsi rong taun kepungkur saka Prince William County Animal Shelter. Kala kuwi sasi Oktober, umure kira-kira telung wulan. Amarga ora ngerti tanggal lahire sing tenan, dheweke dianggep lahir tanggal 4 Juli 2006. Patriotis banget, ta?
Pilot jenise campuran akita lan chow (basa Jawane apa, aku ora ngerti). Wulune kuning lan ing gegere werna ireng. Wulune akeh banget lan buntute mekrok kaya sulak. Saiki bobote kira-kira 60 pon. Kanggo wong kene ukurane sedhengan, ora cilik lan ora gedhe.
Pilot kuwi lucu tenan. Yen aku lan bojoku lagi mangan, dheweke nunggoni. Biasane ora dakwenehi pangananku. Yen aku lan bojoku uwis rampung mangan, dheweke banjur mangan pakane dhewe ing pawon. Yen dheweke durung weruh aku utawa bojoku mangan, dheweke ora mangan. Kadhang kala sakwise sedina muput kerja, aku lan bojoku mangan ing restoran. Amarga Pilot ora weruh olehku mangan, ya sedina sewengi kuwi dheweke ora mangan.
Yen dheweke pengen dolanan, dheweke nyokot dolanane (tali utawa balung) banjur didudul-dudulke tanganku. Trus, dakcekel dolanane dadine bisa ditarik-tarik Pilot. Iki kaya dolanan tarik tambang.
Pilot uga setia banget. Dheweke ngetutke aku utawa bojoku ing ngendi wae. Banjur dheweke nunggoni ing cedhakku utawa bojoku. Yen aku ados, dheweke nunggoni ing ngarep lawang kamar mandi. Yen aku masak utawa isah-isah, dheweke uga nunggoni ing njero pawon utawa ing sak antarane pawon lan kamar makan.
Pilot ora pinter banget, tapi dheweke titen. Yen aku wis rampung klamben lan lagi nganggo sepatu, dheweke ngerti kuwi wancine mlaku-mlaku. Banjur dheweke mlayu nyang lawang ngarep. Sakbubare mlaku-mlaku, dheweke ngerti yen aku lan bojoku arep mangkat kerja. Trus, dheweke mlebu pawon (wanci aku lan bojoku ora ing omah, Pilot daklebokke pawon, banjur lawang sing cendhek daktutup). Uga, sakwise mlaku-mlaku, dheweke ngarep-arep 'jajanan' (utawa treat).
Pilot ora njegog. Dheweke mbaung. Yen dijak omong, dheweke mangsuli kanthi mbaung. Dheweke dakkira ngerti basa Inggris (kayata: sit, get, come here, no), basa Indonesia (kayata: tunggu, sini), lan basa Jawa (kayata: minggir).
Pilot uwis dadi bagian kluargaku. Ora kaya anak, lha wong dheweke kuwi asu. Namung dheweke nambahi bungahku lan bojoku.
No comments:
Post a Comment