Monday, September 29, 2008

Perempuan Punya Cerita

Dina Minggu tanggal 28 Oktober wingi aku nonton filem "Perempuan Punya Cerita" utawa "Chants of Lotus." Filem kuwi diputer ing Freer Galery of Arts, Washington, DC asil kerja sama karo Grace Heritage lan ASEAN Secretary. Fileme diwiwiti jam loro awan. Dibuka kanthi tembung pambuka saka panitia lan Fatimah Roni, sakwijining sutradara filem kuwi.



"Perempuan Punya Cerita" nyritakake kahanane wong wadon ing Indonesia. Ing filem iku ana patang crita.



Crita sing sepisan "Cerita dari Pulau" nyritakake bu bidan Sumantri sing kena penyakit kanker payudara tahap ketelu. Nanging rubedane ora mung kuwi. Wulan, remaja putri tanggane sing nduwe down syndrome lan diopeni lan ditresnani Sumantri, diperkosa sakwijining nom-noman ing kampung kono. Nalika kasuse dilaporke polisi, Sumantri malah diseneni polisine amarga kasus kaya ngono kuwi angel dibuktikake. Polisine uga ngelingke Sumantri bab kasus aborsi sing isih ditangguhke. Sumantri ngotot yen aborsi kuwi pancen kudu dilaksanakake, yen ora pasiene bisa mati. Sasi mburine, Wulan ngandut lan ibune njaluk tulung Sumantri nggugurke kandutane. Pungkasane, nom-noman sing merkosa Wulan menehi ibune Wulan dhuwit damai. Sumantri lan bojone pindah nyang Jakarta kanti ati sing remuk.



Cerita sing kapindo "Cerita dari Yogyakarta" bab pergaulan seks bocah-bocah SMA. Dicritakake dene bocah-bocah kuwi senengane nonton internet lan filem-filem porno, ngrokok lan ngombe minuman keras, lan nglakoni hubungan seks sing ora aman. Akibate ... ngandut, namung ora ngerti sapa bapake si jabang bayi, amarga dheweke nglakoni seks karo pacare lan telu kancane liyane. Pancen dheweke nyoba nggugurake kandutane, namung ora sida. Pergaulan iki diamati karo Jay Anwar sing ngaku mahasiswa saka Jakarta. Tenane dheweke kuwi wartawan sing lagi nulis bab pergaulan remaja.

No comments: