Tuesday, February 26, 2013

“One Day I Will Knock at Your Door”



Aku lagi lunguh-lungguh neng undak-undakan gapura mlebu nyang gisik nalika HPku muni. Ana sms mlebu. “Gelem dolan neng omahku?”  Ya mesthi wae aku gelem. Nanging sing ora mbok ngerteni, deg-deganku ra karuwan, gemuruh kaya ombake laut esuk kuwi.

Karo nyawang cakrawala sing katon adoh, aku nerawang ndisik jaman aku lan kowe isih sak kutha. Runtang-runtung, omong-omong ngalor ngidul, tanpa isa ngetokke kanthi ukara rasa tresna marang sliramu sing wis taksimpen mataun-taun. Wis tak wanik-wanikke ngungkapke rasa tresnaku kuwi minangka perhatian lan tandha-tandha liyane.  Saka tindhak-tandhukmu tak kira kowe ya seneng karo aku, mung bokmenawa kowe uga wedi omong. Ora ana ukara tresna nganti tekan wancine kowe lunga mbuh nyang ngendi. Tanpa rasan-rasan, ora pamit, ilang ra ngerti parane.

Sawise lungamu, aku nunggu, mengko rak kowe mesthi bali, nemoni aku, neruske  apa sing miturutku katresnane kita sakloron. Tak tunggu setaun, rong taun….telung taun…mbareng 20 taun aku lan kowe lagi sesambungan maneh. Kanthi Facebook kita omong-omong meneh, neruske sesambungan sing nate kepedhot ndhisik kae. Aku wis wani omong yen ndisik kae sakjane aku tresna marang kowe. Aku uga wani takon apa kowe ngerti perasaanku kuwi. Wis suwe aku mupus rasa yen kowe tresna marang aku amarga kowe ora tau balik nemoni aku. Nanging sing isih gawe aku penasaran mataun-taun kuwi apa kowe ngerti yen aku tresna karo kowe. “Aku ngerti,” wangsulanmu. Legaku ora jamak….kaya sakkintal beras diidhokke saka gegerku.

***************
Aku mlebu taksi sing ngetem neng prapatan. Takwacakke alamatmu sing mbok kirimke lewat sms. Sopire ora pati apal daerah kono. Ndilalah dalane macet….atiku deg-degkan antarane pengen cepet tekan karo aja tekan-tekan. Aku perlu wektu kanggo ngatur perasaanku iki. Mengko mesthi omong apa? Piye? Kamangka mesthine ana bojo lan anak-anakmu. Apa aku bisa caturan lan nggawa dhiri kanthi wajar? Awakku ndhredheg.
Taksi nglewati prapatan, mbuh wis pira….lampu bang jo….dalane wis ora macet….menggok ngiwa…nengen….aja ndang tekan…mbok ya ndang tekan…..piye ta iki….sopire nelpon njaluk petunjuk arah. Lha kuwi gerbang kompleks perumahanmu. Aduh Gusti, wis cedhak. Terus apa nengen? Sopire metu, takon wong neng warung pojokan. Terus….menggok nengen….lha kuwi omahmu. Atiku….atiku mandhegka anggonmu deg-degan.

**********
Taksi sing taktumpaki mandheg neng ngarep omahmu. Aku mudhun. Mbareng minger, kowe wis ngadeg neng teras, mesem. Isih kaya ndhisik, esemmu sing manis, sing takkangeni. Isih kaya ndhisik, gedhe dhuwur, ireng gagah, sing marakke merak ati. Isih kaya ndhisik, dhewasa, sing ngayomi.
Kowe kelingan. Kandhamu, “wis kelakon one day I will knock at your door;” kaya sing taktulis ing sawijining layangku.