Friday, July 9, 2010

Ngepit Mulih

Saka nonton kembang api peringatan dina kamardikan Amerika Serikat 3 Juli 2010, aku bali numpak pit diterke Ag & Hy. Sajane Ag & Hy arep ngeterke aku numpak mobile, nanging dalane macet amarga akeh banget kendaraan lan uwong bubaran nonton kembang api. Kebeneran Art nitipke pite neng Hy lan diparkir ing sanjabane perpustakaan.

Dadi wong telu renteng-renteng. Aku numpak pite Ag merga sedhele luwih endhek ketimbang pite Art. Banjur Ag numpak pite Art merga dheweke luwih dhuwur saka aku. Hy numpak pit sewane.

Wis suwe banget aku ora pit-pitan. Ana yen rong taunan. Sing pungkasan numpak pite ibu mertuaku ing New Bern, NC. Dadi wengi kuwi kira-kira jam 22.30 aku rada wedi. Tur maneh aku pancen ora trampil numpak pit. Berkah Dalem aku tekan omah kanti slamet. Sawise Ag lan Hy mulih aku kelingan nalika aku ajar numpak pit sepisanan.

Aku isih kelingan banget. Nalika kuwi aku kelas papat SD, manggon ing samana Jl. Caranggito, dukuh Jangkungan, sangarepe SMA Kristen. Bubar sekolah utawa dina Minggu aku kerep dolan ing omahe Eni ana ing Jl. Merpati, Klaseman samburine SMA Kristen. Aku njileh pite Eni. Modele kaya gambar ing sisih kiwa iki, wernane yen ora kleru biru nom. Caraku ajar: pite taktuntun munggah unggah-unggahan tekan ngarepe omahe Sabur (pretelon Jl. Merpati & Jl. ..., wah lali jenenge), trus aku lungguh, sikilku tak selehke ing palang ngarep sedhel, ora ing genjotane. Banjur aku mluncur mudhun. Pikirku, aku mung ajar nyetir. Sepisanan aku ora isa ngerem, dadi sok-sok nabrak dhadhah ing ngarep omahe Eni. Yen isa nyetir lurus, ya tekan kuburan salore omahe Eni.
Sawise isa nyetir, aku wiwit ajar nggenjot. Alon-alon, saka ngarep omahe Sabur, ngluncur, tak rem, bareng lakune pit wis alon aku wiwit nggenjot....ora suwe aku isa numpak pit. Nanging ya kuwi, mung yen dalane lurus tur relatif rata.
Maturnuwun Eni wis njilehi aku pitmu.


Saturday, July 3, 2010

Kembang Api & Dhung

Dinane Setu, tanggale 3 Juli 2010, kira-kira jam 21.45 - 11.15 aku lungguh ing sanjabaning gedung Memorial Union, Universitas Wisconsin, ing salah sijining dermaga rawa Mendota, Madison, nonton kembang api sing disumet ing Warner Park, sasabrange rawa. Acara iki pendhak taun dianakke ing saben kutha kanggo mengeti dina kamardikane Amerika Serikat. Akeh banget sing nonton ing kono, mbuh pirang ewu. Pancene iki dadi acara kluarga lan kesempatan kanggo kumpul-kumpul karo kanca-kanca.

Karo ngagumi endahing kembang api marupa-rupa warna lan bentuk kairingan tembang klasik, kepikiran yen sajroning ing Indonesia aku durung nate nonton kembang api sing gedhe kaya ngene. Ing Salatiga ora tau ana. Ing Jakarta ana, nanging wektu kuwi ora mungkin yen nyang Jakarta mligi kanggo nonton kembang api. Dadi jroning bakda bocah-bocah nyumet mercon lan kembang api cilik, yen ing kene arane sparklers.

Banjur aku kelingan 'dhung.' Nalika aku cilik lan isih manggon ing Pungkursari, saben sore jroning sasi Ramadhan bocah-bocah, klebu aku, ngarep-ngarep 'dhung.' Apa ta 'dhung' kuwi? 'Dhung' kuwi suwarane sejenis mercon gedhe sing disumet kanggo nandani buka. Kira-kira jam 17.15 aku, mbakyu-mbakyuku, adhiku, lan tanggaku metu, munggah tumpukan watu lan bata kagungane pak Subadi (bocah-bocah nyeluk: mbah Badi) ngadhep nyang mesjid gedhe Kauman. Ora suwe candhake katon ing langit kuning-kuning kaya bal geni. Bal kuwi mau terus mbledhos 'dhung' banjur malih dadi bal ireng. Asep ireng metu saka bal ireng mau. Yen bal lan asepe wis ilang, boach-bocah mudhun lan bali nyang omahe dhewe-dhewe. Amba'a aku ora pasa, aku tansah nunggu tekane 'dhung.'

Pancen kembang api 4 Juli ora padha karo 'dhung.' Nanging, kanggo aku loro-lorone tontonan sing tak arep-arep. Loro-lorone marakake aku seneng. Ora mung merga tontonane, uga merga nontone barengan karo kanca-kanca lan kluarga. Mbok menawa rasa bungah lan kebersamaan kuwi mau sing marai aku seneng nonton kembang api saiki lan ndisik 'dhung'