Monday, December 21, 2009

Salju Kapisan

Sawijining sore sasine November akhir utawa awal Desember taun 1997, aku lungguh ing cedhak jendela kamar tamu apartemenku karo maca buku. Nalika aku nyawang njaba, ana putih-putih kaya glepung kabur kanginan. Takira kuwi serbuk sari wit-witan ing kompleks apartemenku. Nanging ora klebu nalar amarga apartemenku ana ing tingkat enem, luwih dhuwur katimbang wit-witane.

Dhek semana aku ora duwe radio utawa tv dadi ora ngerti piye prakiraan cuaca dina kuwi. Tur maneh aku nembe kira-kira telung sasi ing Amerika, aku durung biasa ngecek prakiraan cuaca. Isih ketenta kebiasaan ing Indonesia sing ora pati merlokke ngecek prakiraan cuaca. Pancene kanggo apa, lha wong hawane relatif padha sajroning setaun.

Sawise sautara putih-putih kuwi tambah akeh. Lagi dong aku yen kuwi salju. Wah, salju kepisan sing taalami. Cepet-cepet aku nganggo jaket lan mlayu metu. Salju sing anyep kuwi ngleleh ing raiku. Tapeletke ilatku...anyep lan tawa rasane. Bengine kabeh katon putih mblejih.

Tuesday, December 15, 2009

Diskriminasi

Tekan saiki isih kerep tatemoni pengumuman-pengumuman lowongan kerja ing Indonesia sing kebak diskriminasi. Paling ora ana loro sing cetha banget.
1. Ana ing pengumuman kuwi biasane dicethakke batesan umur pelamar. Kerepe ora luwih saka 30 taun.
Iki cetha ora adhil kanggo para pencari kerja sing menuhi syarat-syarat liyane, nanging umure ketuwan. Apa dhasare netepke umur 25, 29, utawa 30? Sing paling penting tumrap ngayahi sawijining gawean yaiku pengalaman lan pendidikan. Miturutku, nalare saya tuwa pelamar saya akeh pengalamane, saya dhewasa, lan iki mesthine apik kanggo perusahaan.

2. Biasane karo surat lamaran pelamar uga kudu nglampirke pasfoto. Kenapa? Yen perusahaan wedi pelamar sing diundang wawancara dudu uwong sing ngirim lamaran, ana cara liya sing luwih adhil. Kayata, pelamar sajroning wawancara kudu nduduhake KTP utawa tanda pengenal liyane.

Dhisik ing Salatiga aku tau ngelesi basa Inggris ing sawijining perusahaan pemerintah. Sakwise pirang-pirang sasi ana lowongan kerja ing perusahaan kuwi. Direkture nyaranke supaya aku nglamar. Ngendikane aku memenuhi syarat-syarate. Rasaku seneng mangerteni yen gaweanku dibiji apik. Nanging aku ora nglamar amarga direktur kuwi mau terus ngendika apike aku nyang salon kanggo paesan trus nyang studio foto. Pikirku; 'What's wrong with my face? I don't need any make-up to look beautiful. If I don't get the job because of the way I look, then f--- them.' (nyuwun ngapunten. Kanggo aku wong Jawa, luwih gampang nesu lan misuh nganggo basa Inggris).

Wose, pelamar kudune dibiji saka pengalaman lan kepinterane, ora saka rupane. Ayu utawa bagus kuwi relatif. Trus, piye nasibe pelamar sing rupane ala, sing cacat fisik? Uwong dibiji saka pakartine, tindak tanduke, gaweane, dudu rupane utawa awake.

Eman banget praktek diskriminasi kaya ngono kuwi dipraktekake dening kantor pemerintah lan perusahaan swasta.