Saka Jumat, 24 April nganti Minggu, 26 April 2009 aku melu konferensi National Council of Less Commonly Taught Languages (NCOLCTL, utawa diwaca: nikeltikel) neng Madison, Wisconsin.
Aku melu 2 colloquium lan 3 panel dina Jumat. Colloquium esuk bab assessment lan testing, judule "When What You Have Is Not Enough: Validating Reading and Listening Proficiency Tests in Less-Commonly-Tested Languages" dene Ray T. Clifford, PhD saka Brigham Young University. Awane aku melu colloquium bab classroom observation. Pembicarane Sandra Berman, PhD, Kathryn A. Flynn, PhD, lan Nami K. Thompson, saka Defence Language Institute. Piyayi telu kuwi mau nerangke proyek sing dianake DLI kanggo ngobservasi kelas-kelas basa asing neng kana. Judul presentasine, "Toward a New Paradigm in Classroom Observations of Foreign Language Program."
Panel 1 judule, "Language Learning with Web 2.0 - Lingking Faculty and Students," dene Jacques du Plessis saka Univ. of Wisconsin - Milwaukee. Panel 2 judule, "A New Lexicographic Paradigm for LCTLs," dene Danko Sipka. Panel 3 judule, "Making Beginning Reading Materials in a LCTL Available Online at No Cost to the Learner," dene Fredercik H. Jackson (Univ. of Maryland), Michael Everson (Univ. of Iowa), lan Cynthia Ning (Univ. of Hawaii at Manoa).
Dina Setune saka esuk tekan awan aku melu rapat tahunane COTIM (Consortium for the Teaching of Indonesian and Malay). Neng rapat dibahas program basa Indonesia musim panas neng Salatiga, kriteria profisiensi sing lagi dikembangke, lan bab-bab liya.
Sorene aku melu lokakarya sing dipimpin Carl Falsgraf, PhD uga bab assessment.
Minggu esuk aku ngrungokke presentasi sing judule, "Language e-Learning Tools for Learners of Less Commonnly Taught Languages," dene Rick Jackson, PhD lan Catherine Ingold, PhD.
Topik-topik presentasi kasebut kajaba ngelengake topik padha sing wis tau tak sinaoni, uga nambah pengetahuanku bab pengajaran basa. Lan sing ora kalah penting ana ing konferensi kuwi aku ketemu kanca-kanca guru basa Indonesia saka universitas liya. Aku uga ketemu Leonce, kancaku sak kantor neng Universitas Ohio. Dhisik dheweke mulang basa Swahili. Wis meh 10 taun ora ketemu. Saiki Leonce mulang basa Swahili neng Kanada.
Ana acara menarik dina Setu bengi. Pas kuwi ada acara makan malam bersama kanggo kabeh peserta konferensi. Sakwise mangan, presiden nikeltikel ngumumke pemenang achievement award. Sakbubare kuwi dheweke nyuwun bilih peserta ngaturi ucapan selamat kanggo Mike Everson. Mbok menawa ana 50 basa luwih, saka Asia, Afrika, lan Eropa. Aku ngaturi selamat nganggo basa Jawa.
Sakbubare acara makan malam, aku nonton pagelaran gamelan lan tari Jawa neng kampus. Sing tampil kelas gamelas Universitas Wisconsin - Madison. Aku seneng isa ketemu Steve, Sakti lan kanca-kanca liyane.
Aku tekan ngomah maneh dina Minggu bengi. Senene aku masuk angin, mbok menawa amarga kekeselen.
Taun ngarep muga-muga aku isa melu konferensi nikeltikel maneh.
As a kid, I kept a diary full with my mundane day-to-day activities. Thanks goodness, those years have passed. On this blog I'd like to jot down my opinions, observations, memories, etc. which definitely are much more interesting than my childhood diary's entries.
Monday, April 27, 2009
Friday, April 24, 2009
Minggu kepungkur aku nampa e-mail saka Santi. Dheweke takon menawa aku duwe account facebook. Dheweke uga crita yen dheweke sesambungan maneh karo kanca-kanca SMA kanthi facebook.
Wis sakwentawis kanca-kancaku ngejak aku melu jaringan Facebook. Aku saktenane wegah melu amarga tak pikir ngentekke wektu wae. Pancene aku wedi kecanduan. Nanging sakwise nampa e-maile Santi, aku kepengen banget duwe account facebook. Kuwi mau mbok menawa amarga aku urip neng paran, ora asring ketemu kanca-kanca lan kangen kauripan neng Indonesia. Uga, aku pengen sesrawungan maneh karo kanca-kanca, utamane kanca siji iki (jenenge ora arep tak tulis neng kene), sing wis suwe ilang utawa ngilang.
Bab kekuatiranku, aku meh disiplin wektu supaya ora kecanduan. Ngentekke wektu? Saktenane ora amarga aku isa ngerteni kawruh anyar, lan bungah weruh fotone kanca-kancaku lan kluargane.
Pancen kudu diakui yen Facebook kuwi sarana sing migunani.
Wis sakwentawis kanca-kancaku ngejak aku melu jaringan Facebook. Aku saktenane wegah melu amarga tak pikir ngentekke wektu wae. Pancene aku wedi kecanduan. Nanging sakwise nampa e-maile Santi, aku kepengen banget duwe account facebook. Kuwi mau mbok menawa amarga aku urip neng paran, ora asring ketemu kanca-kanca lan kangen kauripan neng Indonesia. Uga, aku pengen sesrawungan maneh karo kanca-kanca, utamane kanca siji iki (jenenge ora arep tak tulis neng kene), sing wis suwe ilang utawa ngilang.
Bab kekuatiranku, aku meh disiplin wektu supaya ora kecanduan. Ngentekke wektu? Saktenane ora amarga aku isa ngerteni kawruh anyar, lan bungah weruh fotone kanca-kancaku lan kluargane.
Pancen kudu diakui yen Facebook kuwi sarana sing migunani.
Subscribe to:
Comments (Atom)