Thursday, December 11, 2008

Operasi

Dina Senen, tanggal 17 November kepungkur sikilku dioperasi. Operasi iki operasi follow up kanggo njikuk sekrup sing nggathukke balung tibia lan fibula, jenenge syndesmosis screw. (Dina Selasa, 12 Februari 2008 aku kepleset es [black ice] neng Connecticut Ave. lan Jl. L, Washington, DC. Engkelku tugel and mengsle [dislocated]. Tanggal 19 Februari, engkelku dioperasi. Dokterku masang pin neng sebelah kiwa, lan sekrup kanggo nggathukke tibia lan fibula.)

Kaya operasi sing pertama, kira-kira seminggu sakdurunge operasi, aku ditelpon perawat sing nakokake data pribadi kanggo urusan administrasi lan asuransi. Dheweke uga nakokke kondisi lan sejarah kesehatanku. Sakwise kuwi, aku kudu nelpon petugas rumah sakit kanggo pra-pendaftaran. Iki uga kanggo urusan administrasi lan asuransi.

Pas dina operasi, pertama aku kudu nyang kantor administrasi rumah sakit. Neng kana aku ngisi formulir sing diperlokke lan mbayar biaya sing ora termasuk neng asuransiku. Banjur aku nyang bagian operasi. Neng kana aku kudu lapor maneh marang petugase. Terus nunggu nganti diundang.

Pas giliranku, ana perawat sing methuk lan aku diterke nyang ruang persiapan operasi. Neng ruang kuwi aku ganti pakaian operasi lan dites mbok menawa aku ngandut. Perawat kuwi uga ngukur suhu badan lan tekanan darahku. Ora suwe sakwise kuwi dokterku, Dr. Joseph R. O'Brien, karo 1 dokter residen lan 1 mahasiswa kedokteran sing lagi praktek mlebu kamarku lan mriksa aku. Kabeh beres, dheweke metu. Terus, dokter ahli anastetik mlebu lan menehi obat bius. Banjur, aku digledhek nyang ruang operasi.

Operasine ora suwe. Aku mung krasa ngantuk nanging ora bisa turu. Aku krungu dokter lan perawat omong-omong sakjroning operasi, nanging aku ora ngerti apa sing diomongke.

Sakwise operasi aku digawa nyang ruang penyembuhan. Neng kamar kuwi ana perawat sing nunggoni karo monitor kondisiku. Dheweke ngukur suhu badanku, lan ana alat khusus sing ngukur tekanan darahku kanti otomatis saben 10 - 15 menit. Perawat kuwi uga menehi jus utawa soda amarga biasane bubar operasi rasane ngelak banget. Aku neng ruang penyembuhan kira-kira sakjam. Perawat kuwi terus ngandani Paul yen aku wis isa bali. Paul dikongkon njikuk mobile saka garasi parkir lan methuk aku neng ngarep gedung rumah sakit. Saka ruang penyembuhan aku disurung neng kursi roda nyang panggonan penjemputan.

Rong dina kepungkur aku nemoni dokterku. Sikilku dironsen lan jahitane dipriksa. Kabeh apik. Suk Februari aku kudu nemoni dokterku sepisan maneh. Sakwise kuwi wis ora perlu nyang dokter, nanging isih kudu terapi.

No comments: