Kancil, a mousedeer, is a cunning character in Indonesian children tales. He does a lot of tricks to get what he wants. One of them, as told in this story, is to cross a wide river to get to Mr. Farmer's cucumber garden. See, he likes cucumbers and in his estimation the garden is now full of them. He deceives Mr. Crocodile to get the other crocodiles lined up across the river. Kancil successfully crosses it by jumping on one crocodile's back to another's.
(I wrote my version of the story in Javanese as it was told by my late grandma when I was little.) So, here it is - Kancil and The Crocodile:
Sakwijining dina ana kancil sing lagi mlaku-mlaku ing alas. Kancil mau tekan kali amba banget. Dheweke pengen nyebrang, amarga ana kebon timune pak Tani ing sebrang kali. Dheweke wis luwe banget, nanging ora ana kreteg kanggo nyebrang.
Ing pinggir kali ana baya sing lagi dhedhe. Kancil weruh baya kuwi, lan duwe akal. Dheweke nyedhaki baya kuwi.
“E, pak Baya,” celuke Kancil.
“Ana apa, Cil,” wangsulane pak Baya setengah kaget.
“Tak kira ing kali iki ora akeh bayane,” swarane Kancil rada ngremehke.
“Sapa kanda? Akeh wae,” pak Baya rada kesinggung.
"Aku ra percaya. Apa kowe bisa mbuktikake?” Kancil nantang.
Pak Baya ora pati pinter, nanging ora gelem kalah, "Isa wae, mung piye carane?”
“Hmmm…,” Kancil ethok-ethok mikir. “Ah ….. undangen kanca-kancamu. Banjur barisa saka pinggir kali kene tekan sebrang kana. Mengko tak etunge.”
“Ya, entenana sedhelok,” pak Baya cepet-cepet nyemplung kali.
Ora suwe, Pak Baya keprungu menehi komando supaya baya-baya liyane padha jejer-jejer ing sak-ambane kali. Bareng kabeh uwis baris, dheweke manggon paling pinggir.
“Wis siap?” pitakone kancil.
“Wis,” bengoke pak Baya.
Kancil wiwit ngetung kanthi napak ana ing gegere pak Baya.
“Siji…..loro….telu….papat….,” karo ngetung Kancil mlompat saka geger baya siji nyang baya jejere nganti dheweke tekan sebrang kali.
“Pak Baya. Kowe bener. Pancen cacahe baya ing kali iki akeh banget.”
Pak Baya seneng, “Kandaku apa. Aja sok ngawur ya kowe.”
“Matur nuwun, Pak.”
Kancil nerusake lakune karo manthuk-manthuk lan mesam-mesem dhewe.
No comments:
Post a Comment