Thursday, February 22, 2018

My Name Nona

Week 1.

Urip Kuwi Mung Mampir Ngombe

Urip kuwi mung mampir ngombe; bebasan basa Jawa sing paring pimulang bilih urip kuwi ora suwe. Mangkono, lakonana urip kuwi kanti apik; migunani marang wong liya, aja mung ngumbar hawa nepsu.

Aku kok pengen nambahi ‘werna’ tumrap tegese bebasan ‘urip kuwi mung mampir ngombe.’

Dakothak-athike ya. Muga-muga gathuk, lan mathuk. Humor me, will you?

Bayangna mampir ngombe jaman now ing kafe utawa warung sing ngladekake marupa warna omben-omben; banyu putih, teh, kopi, jus, smoothy, frappucino, lan sapiturute.

Banjur pesen omben-omben sing disenengi. Pelayane nuli takon ‘ukuran napa, Den?’ Ukurane bisa milih smallmedium, utawa large. (Yen neng Starbucks tallgrandeventi, trenta). Sawise nunggu sawetara, omben-ombene kacawisake.

Sinambi ngombe, bisa ngemil, dolanan nganggo hp, jagongan karo kanca utawa tamu warung liyane.

Mampir ngombe ing kono bisa sedhelok, nanging uga bisa relatif suwe. Sedhelok menawa mung lungguh, enggal ngentekke wedange, njur rampung. Nanging, relatif suwe yen ngemile akeh lan dolanane hp utawa jagongane gayeng. Apa maneh yen tanduk wedange 😂

‘Mampir ngombe’ uga duwe pangerten menawa wektu kuwi kanggo leren, interupsi saka pakaryan liyane.

Dadi, mampir ngombe iku kahanan sing gawe bungah. Bungah merga leren saka pakaryan. Bungah merga ngombe wedang pilihane dhewe. Bungah merga ngemil, dolanan hp, jagongan karo balane.

Mula ta mula, sejatine urip kuwi kabungahan, kabagyan. Kepiye wae rasane ati, rasane awak, (rasane dompet), kita kudu bungah. Lha wong kabeh ki pilihane dhewe. Urip mung sepisan, miliha wedang lan dolanan hp favoritmu, disambi jagongan karo karibmu. Penak ta?

Wis ya. Arep mampir ngombe dhisik. Mathuk?

NKN
Washington, DC
Kemis, 8 Februari 2018