Thursday, August 4, 2011

Madison, Wisconsin 2011

Mangsa ketiga iki wis kaping wolu aku mulang basa Indonesia lan/utawa basa Jawa in SEASSI (Southeast Asian Studies Summer Institute). Apa sing marahi mangsa iki beda karo sadurung-durunge? Ana sawetara kegiatan sing durung nate daklakoni sajroning pitung mangsa ketiga kepungkur; kayata:

1. mlaku-mlaku ing sapinggire rawa Mendota
Saka gedung Memorial Union ngulon ing sapinggire rawa Mendota ana bicycle path - dalan lemah sing sakiwa tengene ngrembaka wit-witan arupa warna. Amarga edhum lan asri akeh uwong sing pit-pitan, mlayu-mlayu, utawa mlaku-mlaku ing dalan kuwi mau. Wiwit Pilot, waungku, wis rada gedhe, luwih anteng lan dhewasa - ora bisa diarani kirik maneh, wanci sore jam wolunan yen hawane ora pati panas, aku lan Pilot mlaku-mlaku ing bicycle path kuwi. Ora suwe, mung kira-kira telung puluh menit nganti sajam. Pilot kesenengen ngendhus-endhus lan aku bisa olahraga sinambi ngrungokke sumumpyuke swara ombak. Kajaba kuwi, pemandangan rawa karo perahu layar endah banget wanci srengenge arep angslup.

2. melu misa ing greja katedral Saint Patrick
Biasane aku melu misa ing kapel kampus Saint Paul. Saliyane cedhak saka apartemenku, jroning misa Minggu sore musike kontemporer nganggo suling, gitar, lan ketipung dening para mahasiswa. Dadine, misane luwih rame lan sumringah.
Nanging kala tanggal 26 Juni ana peringatan corpus christi, aku melu misa ing greja katedral Saint Patrick. Sing kapisan, merga pengen weruh wae. Kapindone, aku pengen weruh arak-arakan hosti. Kebeneran tenan sing ngunjukke misa Bapa Uskup keuskupan Madison. Sawise misa rampung, hosti diarak nyang greja Katholik Holy Redeemer, kira-kira sekilo arah ngulon.
Jenenge pancen katedral, nanging greja kuwi ora gedhe malah kepara cilik. Ora ana sing istimewa. Ambaka gedunge sederhana, koore apik banget. Anggotane ora akeh, mung kira-kira 10, nanging keprungu agung lan nyengsemake diiringi organ pipa.