Sunday, October 26, 2008

Relawan Perpustakaan

Wiwit Oktober 2006 kepungkur aku dadi relawan ing perpustakaan umum Bull Run, Manassas, ora adoh saka omahku. Kala kuwi ana book sale sing dianakake saben wulan. Aku deleng-deleng lan maca selebaran saka Friends of the Library sing mbutuhake relawan kanggo ngewangi nganakake book sale. Banjur aku ndaftar.

Pancen saka dhisik aku wis tertarik marang gawean ing perpustakaan. Kala aku mahasiswa ing UKSW, kanggo 'mbayar' beasiswa saka UKSW, aku kerja ing perpustakaan, yen ora salah 6 jam per minggu. Kala kuwi, tugasku nggawe kliping.
Ing Ohio University aku nyambi ing perpustakaan bagian koleksi Asia Tenggara. Tugasku nggawe katalog buku-buku anyar. Bosku seneng marang gaweanku, lan nyaranke supaya aku sinau ilmu perpustakaan. Wah, menarik banget, tapi durung bisa keturutan. Pancen dadi pustakawan kuwi pilihan karirku sing kapindo sakwise dadi guru.

Dadi saiki saben Setu saka jam 1 nganti 4 sore, aku kerja ing perpustakaan. Setu pertama saben sasine aku ngewangi nganakake book sale. Dina Setu liyane aku ngewangi ing bagian sirkulasi.

Apa tugasku? Pas book sale, aku dadi kasir lan yen ora akeh uwong, aku nata buku-buku sing didol. Ing bagian sirkulasi aku check in koleksi perpustakaan sing dibalekake. Banjur, buku-buku kuwi dakkelompokke dadi 1) koleksi kanggo bocah-bocah (E = easy, lan ER = easy read), 2) koleksi kanggo remaja lan young adults (fiksi lan non-fiksi), 3) koleksi kanggo dewasa (fiksi lan non-fiksi). Trus, aku kudu nyimpen koleksi kuwi ing rak sementara [= temporary shelves]. Gaweanku pancen ora angel, nanging nyenengke lan sing paling penting aku bisa ngerti menawa ana akeh banget koleksi bab apa wae. Iki penting kanggo nambah pengetahuan umumku, amarga asring aku nemu ukara, pengarang, utawa topik sing ora dakngerteni. Kerepe aku terus nggoleki apa artine utawa diskusi bab kuwi karo Paul. Keuntungan liyane, kanti dadi relawan, aku duwe rasa dadi bagian masyarakat kene. Uga seneng weruh kluarga- bapak, ibu, lan anak-anake- bebarengan nyang perpus, maca buku, lan njilih buku. Wis, pokoke rasa bungah diklilingi buku.

Sunday, October 19, 2008

Types of Cellular Phone Callers

Having taking Metro train for 8 years, with my non-native listening ability, I learned that there are three types of people who talk on their cellular phone.

The first type is those who speak loudly and clearly. You can listen to their coonversation even though you are sitting two or three rows down from them.

The second type is those who speak loudly, but not clearly. You probably want to understand what they are talking about, but you can't. And, it is difficult to ignore, as well.

The third type is those who speak so softly that even if you are sitting next to them, you cannot figure out what they are talking about.

This observation is, of course, only for phone conversations in English.